SYI'IRAN
حسبي الله جل الله مافي قلبي الاالله على الهادى صلى الله لاله الاالله
*> Ayo-ayo podho dzikir, najan sugih najan faqir.
kangge njawab pitakone, malaikat mungkar nakir.
*> Ya Allah kito nyuwun, pinaringan ilmu manfaat
kangge ngibadah lan tho'at, supados mbenjang mboten kuwalat.
*> Ya Allah kito nyuwun pinaringan padange fikir.
kangge maos Qur'an lan dzikir, supados syaiton sami sumingkir.
*> Ya Allah kito nyuwun pinaringan panjang umur.
kangge ngibadah lan syukur, dunyo akhirat mugiyo makmur.
*> Ya Allah nyuwun pitulung, penggalih rupek pikiran bingung.
Ya Allah nyuwun pitedah, margi kang leres lampah ngibadah.
*> Ya Allah kito nyuwun, rizqi kathah halal barokah.
kangge sangu lampah ngibadah, uga ziaroh mekkah madinah.
*> Ya Allah kito nyuwun, putro wayah ahli ngibadah
sami sregep ngaji sekolah, sedoyo sholih sholihah.
*> Ya Allah kito nyuwun, dandosi manah kulo niki.
tebihono sifat takabbur, riya', sum'ah, lan iri hati.
*> Ya Allah kito nyuwun, dandosi manah kulo niki.
nampi nikmat saget mensyukuri, saget sabar nampi cobi
*> Ya Allah kito nyuwun, wasilah asma'ul chusna.
mugi sedoyo jamaah, kakung putri ahlul jannah.
Oleh : Abah Thobroni syihab ghozaly.
Komentar
Posting Komentar